khutbah bahasa jawa.
"Wulan Shofar Sanes Wulan Apes"
الْحَمْدُ لِلهِ
الْمَلِكِ الْعَلَّامِ وَاَعْطَانَا مَاعِنْدَهُ مِنَ الْفَضْلِ وَالْإِنْعَامِ
أَحْمَدُهُ وَأَشْكُرُهُ عَلَى نِعْمَةِ الْجِسْمِ وِالْمُجَسَّمِ وَهِيَ
الصِّحَةُ وَالْإِيْمَانُ وَالْإِسْلاَمُ، أَشْهَدُ اَنْ لاَإِلَهَ اِلاَّ اللهُ
وَحْدَهُ لاَ شَرِيْكَ لَهُ الْمُتَّصِفُ بِالْبَقَاءِ وَالْقِدَمِ وَأَشْهَدُ
اَنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اِلَى جَمِيْعِ الْعَالَمِ اللَّهُمَّ
صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى عَبْدِكَ مُحَمّدٍ صَاحِبِ الظِّلِّ فِى الْغَمَامِ
وَاَلِهِ وَصَحْبِهِ الْبَرَرَۃِ الْكِرَامِ
اَمَّا بَعْدُ فَياَ اَيُّهاَ
الْحَاضِرُوْنَ اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلا تَمُوتُنَّ إِلاَّ
وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ فَقَالَ تَعاَلىَ فِى الْقُرْاَنِ الْكَرِيْمِ يَاأَيُّهَا
الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَقُولُوا قَوْلا سَدِيدًا، يُصْلِحْ لَكُمْ
أَعْمَالَكُمْ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ وَمَنْ يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ
فَقَدْ فَازَ فَوْزًا عَظِيمًا
Jamaah sholat Jum’at rahimakumullah
Monggo kito
sareng-sareng ningkataken takwa dumateng Gusti Allah, kanti nindaaken sedoyo
perintahipun soho nebihi sedoyo awisanipun.
Supados kita sedoyo
pikantuk kawilujengan soho kabegjan wonten ing dunyo ngantos akhirat.
Gusti Allah sampun
dawuh:
يَا أَيُّهَا النَّاسُ اعْبُدُوا رَبَّكُمُ
الَّذِي خَلَقَكُمْ وَالَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
Artosipun: Hei poro
menungso! Nyembaho marang pengeran siro kabeh kang wis nitahaken siro lan
wong-wong sakdurunge siro kabeh, supoyo siro kabeh kalebet wong kang podo
takwo. (Al-Baqarah:21)
Nyembah
marang pengeran meniko arupi njungkung ibadah, ngelampahi perintah wajib utawi
sunnah, kados sholat limang wektu, sunnah rawatib, poso lan sakpitunggalane.
Keranten nyembah
marang pengeran niku sampun dilampahi poro umat sakderenge kito sedoyo.
Saking tindak
lampah arupi ibadah meniko saget dipun derek supados kalebet umat ingkang takwa
marang Gusti Allah.
Hadirin Jamaah
Jumat Ingkang Minulyo
Wekdal sakmeniko
kita pinaggih kaliyan wulan Shofar, wulan kaping kalih saking tahun hijriyyah.
Dipun wastani kaliyan Shofar keranten bongso Arab rumiyen ngosongaken
kegiatane.
Ugi wonten ing
wulan kasebat, masyarakat naliko semanten sami ninggalaken daerahipun, sak
perlu bidal perang utawi tindakan.
Kanjeng Nabi dawuh:
لَا عَدْوَى وَلَا طِيَرَةَ وَلَا هَامَةَ
وَلَا صَفَرَ وَفِرَّ مِنْ الْمَجْذُومِ كَمَا تَفِرُّ مِنْ الْأَسَدِ. رواه
البخاري ومسلم
Artosipun:
Ora onok ‘adwa, thiyaroh, hamah, shofar, lan
melayuo siro saking wong kang kena kusta (lepra) koyo dene siro mlayu (ngadoh)
saking singa. (Riwayat Bukhari lan Muslim)
Tegese ‘adwa meniko percados menawi wonten penyakit ingkang
saget nular piyambak, tanpo wonten proses sakderengipun lan tanpa izin saking
Allah. Thiyarah meniko percados bilih nasib sae lan nasib olo saksampunipun
ningali manuk.
Amergi ing
masyarakat jahiliyah wonten mitos menawi wonten tiyang medal saking griyo
ningali manuk mabur ing sisih tengenipun, niku tengere pinaringan nasib sae.
Kosok wangsulipun menawi ningali manuk mabur ing sisih kiwo, niku tengeripun
manggihi nasib awon, milo kedah wangsul.
Keranten
zaman jahiliyah, katah ingkang nganggep bilih wulan Shofar minongko wulan sial
utawi dipun sebat tasya’um. Wulan
ingkang mboten nggadah kekarepan nopo-nopo dipun percados ngeliputi kejemberan
hinggo nimbulaken ajrih nindakaaken perkawis tertentu.
Padahal,
sejatosipun wulan Shofar mboten nyebabaken nasib awon utawi sae. Menawi wonten
kedadosan ingkang awon utawi sae wonten lebetipun, meniko sampun kersanipun
Gusti Allah, sanes amergi wulan Shofar piyambak.
Jamaah Sholat Jum’at Ingkang Bahagio
Saking pepertelan
kasebat, kito kedah imut kaliyan dawuh Gusti Allah:
مَآ أَصَابَ مِن مُّصِيبَةٍ فِى ٱلْأَرْضِ
وَلَا فِىٓ أَنفُسِكُمْ إِلَّا فِى كِتَٰبٍ مِّن قَبْلِ أَن نَّبْرَأَهَآ ۚ إِنَّ
ذَٰلِكَ عَلَى ٱللَّهِ يَسِيرٌ
Artosipun: Saben
musibah ingdalem bumi lan ingkang mekenani awak siro kabeh iku kecatet ingdalem
kitab (lauhul Mahfud) sakdurunge ingsun ngewujudaken. Saktemene mengkunu
gampang mungguhe Gusti Allah (QS Al-Hadid, 22).
Pramilo,
wonten setunggale hadits ingkang dipun riwayataken Abu Dawud, Ibnu Majah,
Tirmidzi kito dipun anjuraken supados ndedungo :
بِسْمِ اللَّهِ الَّذِي لَا يَضُرُّ مَعَ
اسْمِهِ شَيْءٌ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ
Artosipun: Kelawan
nyebut asmane Allah, nopo-nopo ingdalem bumi lan langit ora bakal mbahayani
kanti nyebut asmane Allah, Gusti Allah dzat ingkang midanget lan ngaweruhi nopo
kimawon.
Mugi-mugi kito
sedoyo kaliyan Gusti Allah dipun paringi ma’unah,
pitulung saget nindaaaken kesaenan wonten wekdal soho panggenan pundi kimawon
lan dipun tebihaken saking perkawis olo, awon, lan ciloko. Amiin
بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِى اْلقُرْآنِ
اْلعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَافِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ
الْحَكِيْمِ وَتَقَبَّلَ اللهُ مِنَّا وَمِنْكُمْ تِلاَوَتَهُ وَإِنَّهُ هُوَ
السَّمِيْعُ العَلِيْمُ، وَأَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ
إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم
Khutbah II
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ حَمْدًا كَثِيْرًا
كَمَا اَمَرَ، اَشْهَدُ اَنْ لَا اِلَهَ اِلَّا اللّٰهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ
لَهُ اِرْغَامًا لِمَنْ جَحَدَ بِهِ وَ كَفَرَ، وَاَشْهَدُ اَنَّ مُحَمَّدًا
عَبْدُهُ وَ رَسُوْلُهُ سَيِّدُ الْخَلَاِئِقِ وَالْبَشَرِ. اَللَّهُمَّ صَلِّ
وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اَلِهِ وَاَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ
تَسْلِيْمًا كَثِيْراً، اَمَّا بَعْدُ. فَيَا عِبَادَ ﷲ ... اتَّقُوا اللّٰهَ
حَقَّ تُقٰتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ اِلَّا وَاَنْتُمْ مُّسْلِمُوْنَ. وَاتَّقُوْا
وَلوْ بِشِقِّ تَمْرةٍ. إِنَّ اللهَ أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ بَدَأَ فِيْهِ بِنَفْسِهِ
وَثَنَّى بِمَلَائِكَتِهِ الْمُسَبِّحَةِ بِقُدْسِهِ، وَأَيُّهَا الْمُؤْمِنُوْنَ
مِنْ جِنِّهِ وَإِنْسِهِ، فَقَالَ قَوْلًا كَرِيْمًا: ﺇِﻥَّ ﺍﻟﻠّٰﻪَ ﻭَﻣَﻼَﺋِﻜَﺘَﻪُ
ﻳُﺼَﻠُّﻮْﻥَ ﻋَﻠَﻰ ﺍﻟﻨَّﺒِﻲِّ، ﻳَﺎ ﺃَﻳُّﻬﺎَ ﺍﻟَّﺬِﻳْﻦَ ﺀَﺍﻣَﻨُﻮْﺍ ﺻَﻠُّﻮْﺍ ﻋَﻠَﻴْﻪِ
ﻭَﺳَﻠِّﻤُﻮْﺍ ﺗَﺴْﻠِﻴْﻤًﺎ ... ﺍَﻟﻠَّﻬُﻢَّ ﺻَﻞِّ ﻋَﻠَﻰسَيِّدِنَا ﻣُﺤَﻤَّﺪٍ ﻭَﻋَﻠَﻰ
ﺁلهِ وَصَحْبِهِ اَجْمَعِيْن
اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ
وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ
وَاْلاَمْوَاتِ. اَللَّهُمَّ أَصْلِحْنَا وَأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا، وَأَصْلِحْ
مَنْ فِي صَلَاحِهِمْ صَلَاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، وَأْهْلِكْ مَنْ فِي
هَلَاكِهِمْ صَلاحُنَا وَصَلَاحُ الْمُسْلِمِيْنَ، اللهُمَّ وَحِّدْ صُفُوْفَ
الْمُسْلِمِيْنَ، وَارْزُقْنَا وَإِيَّاهُمْ زِيَادَةَ التَّقْوَى وَالْإِيْمَانِ، اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ
وَاْلوَبَاءَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ مَا ظَهَرَ مِنْهَا
وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ بُلْدَانِ
اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا
وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا
اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً
وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ
عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ
بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ
وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا
اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ،
وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ